Terima kasih telah datang untuk melihat :-)
Thanks for visit my blog
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Para sesepuh lan pinisepuh ingkang kula urmati,
para pangemban pangembating praja ingkang pantes sinudarsana. Almukaram Bapak
K.H. Abdul Fatah ingkang kula mulyaaken. Bapak saha ibu dalasan para kanca-kanca
ingkang satuhu bagyamulya.
Mugi kawilujengan karahayon tansah kajiwo lan
kasaliro wonten panjenengan lan kula, Amin...
Puja lan puji syukur sumangga kita konjukaken
wonten ngarsa Gusti Ingkang murbeng dumadi ingkang sampun paring berkah saengga
panjenengan lan kula saged makempal manunggal wonten papan menika kanthi
wilujeng mboten kirang setunggal menapa.
Para rawuh ingkang satuhu bagyamulya,saderengipun
kula nyuwun agunging pangapunten awit sampun kumawantun nigas wacana nyigeg
pangandikan panjenengan sedaya ingkang nembe sekeca imbal wacana. Karana kula
piniji minangka wakil saking Bapak Sugiyono ngaturaken sugeng rawuh saha atur
panuwun awit panjenengan sampun kersa nglodhangaken wekdal kagem hangrawuhi
adicara pengajian ing papan menika.
Salajengipun bapak, ibu, para rawuh kersa
lelenggahan ngantos pungkasaning adicara. Bapak Sugiyono ngrumaosi adicara
menika mboten badhe lumampah tanpa pambiyantu saha eguh pratikelipun sanak
kadang,pawong mitra, tangga tepalih sedaya pramila saking menika, mugi Gusti
Allah paring nugraha awit saking amal kesaenan panjenengan menika.
Para rawuh Bapak/Ibu ingkang kula urmati, kula
mlenggana budidayaning manungsa kirang sampurna, menawi anggenipun bapak
Sugiyono sakeluarga nampi rawuh panjenengan kirang tanggap tangguh gupuh,
nyuwun diagungna samudra pangaksami.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten
galap gangsuling atur, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum
Wr.Wb.
The Wynn Las Vegas and Encore Resort Jobs - JTHub
BalasHapusWynn 서귀포 출장안마 Las Vegas and Encore Resort 양주 출장샵 jobs · Design 춘천 출장안마 · Maintenance · Design · Hospitality 청주 출장샵 · Health/care · Promotions · More. 동해 출장마사지