Senin, 23 Oktober 2017

contoh atur pambagyaharja pengajian


Terima kasih telah datang untuk melihat :-)
Thanks for visit my blog


Assalamu’alaikum Wr.Wb.
                   Para sesepuh lan pinisepuh ingkang kula urmati, para pangemban pangembating praja ingkang pantes sinudarsana. Almukaram Bapak K.H. Abdul Fatah ingkang kula mulyaaken. Bapak saha ibu dalasan para kanca-kanca ingkang satuhu bagyamulya.
                   Mugi kawilujengan karahayon tansah kajiwo lan kasaliro wonten panjenengan lan kula, Amin...
                   Puja lan puji syukur sumangga kita konjukaken wonten ngarsa Gusti Ingkang murbeng dumadi ingkang sampun paring berkah saengga panjenengan lan kula saged makempal manunggal wonten papan menika kanthi wilujeng mboten kirang setunggal menapa.
                   Para rawuh ingkang satuhu bagyamulya,saderengipun kula nyuwun agunging pangapunten awit sampun kumawantun nigas wacana nyigeg pangandikan panjenengan sedaya ingkang nembe sekeca imbal wacana. Karana kula piniji minangka wakil saking Bapak Sugiyono ngaturaken sugeng rawuh saha atur panuwun awit panjenengan sampun kersa nglodhangaken wekdal kagem hangrawuhi adicara pengajian ing papan menika.
                   Salajengipun bapak, ibu, para rawuh kersa lelenggahan ngantos pungkasaning adicara. Bapak Sugiyono ngrumaosi adicara menika mboten badhe lumampah tanpa pambiyantu saha eguh pratikelipun sanak kadang,pawong mitra, tangga tepalih sedaya pramila saking menika, mugi Gusti Allah paring nugraha awit saking amal kesaenan panjenengan menika.
                   Para rawuh Bapak/Ibu ingkang kula urmati, kula mlenggana budidayaning manungsa kirang sampurna, menawi anggenipun bapak Sugiyono sakeluarga nampi rawuh panjenengan kirang tanggap tangguh gupuh, nyuwun diagungna samudra pangaksami.
                   Mekaten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten galap gangsuling atur, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.